Selasa, 04 Desember 2012

Purwakaning Atur

Bismillahirrohmanirrokhim
Asalammu’alaikum Wr.Wb


Puji kelawan Syukur kunjuk ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarto hidayah dateng kito, sahinggo kito tansah saget ngraosaken kesarasan sarto kabingahan sarto umur panjang ingkang miggunani.
Pramilo kesinggihan kito meniko mapan ing tlatah tanah jawi, langkung  langkung kito ingkang ngakeni bilih tanah jawi mujudaken wutah rah kito, ateges kito hanggadahi satunggaling kewajiban kangge nguri uri kabudayan jawi ingkang sakyekti adiluhung, supados datan kalindes dening kabudayan sanes, langkung langkung kabudayan saking monco negari, sahinggo kabudayan kito ingkang sayekti adiluhung meniko malah keporo dipun kiwak-aken.
Wonten ing mriki kepareng kulo nderek cawe-cawe sanadyan bobot-ipun pindho lebu ingkang miber, namung mugi mugi saget migunani dateng kulo pribadi, tonggo tepalih, langkung langkung dateng poro kadang ingkang kepareng maos seratan meniko.
Pramilo seratan meniko mligi kulo tujokaken dateng poro mudo tuwin poro kadang ( pemula ) inkang adreng sinau boso jawi.
Nun-injih kawruh meniko pramilo anggen kulo jum-jum saking mapinten pinten sumber, saking buku buku, saking pasrawungan, saking kawontenan, lan saking othak-athik gathuk. Pramilo estunipin dereng pantes manawi seratan meniko kulo aturaken dateng poro kadang, pinongko lelandesaning ngudi kawruh babagan boso jawi. Namung karono kadereng saking kahanan ingkang tansoyo dangu tansoyo ical kabudayan jawi mliginipun boso jawi.
Namung perlu caos pemut dateng poro kadang, hambok bilih samangke penjenengan sapun saget, utawi keporo  wasis, sampun kaget menawi dados kengkenan-ipun tiyang katah, jalaran kagunan kabudayan boso jawi jangkep meniko, ing titi wekdal meniko sampun angel  anggenipun madosi ( langka ).
Poro kadang ingkang kinurmatan, sumonggo kito sareng sareng ngudi kawruh, mliginipun babagan boso jawi ingkang tansoyo surem sunaripun.
Namung semanten purwakanig atur kulo mugi mugi sanajan datan wonten bobot-ipun saged migunani dateng pesrawungan kito ing madyaning masyarakat agung.