Bismillahirrohmanirrokhim
Asalammu’alaikum
Wr.Wb

Puji kelawan Syukur kunjuk
ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarto hidayah
dateng kito, sahinggo kito tansah saget ngraosaken kesarasan sarto kabingahan
sarto umur panjang ingkang miggunani.
Pramilo kesinggihan kito meniko mapan ing tlatah tanah
jawi, langkung langkung kito ingkang
ngakeni bilih tanah jawi mujudaken wutah rah kito, ateges kito hanggadahi
satunggaling kewajiban kangge nguri uri kabudayan jawi ingkang sakyekti
adiluhung, supados datan kalindes dening kabudayan sanes, langkung langkung
kabudayan saking monco negari, sahinggo kabudayan kito ingkang sayekti
adiluhung meniko malah keporo dipun kiwak-aken.
Wonten ing mriki kepareng kulo nderek cawe-cawe sanadyan
bobot-ipun pindho lebu ingkang miber, namung mugi mugi saget migunani dateng
kulo pribadi, tonggo tepalih, langkung langkung dateng poro kadang ingkang
kepareng maos seratan meniko.
Pramilo seratan meniko mligi kulo tujokaken dateng poro
mudo tuwin poro kadang ( pemula ) inkang adreng sinau boso jawi.
Nun-injih kawruh meniko pramilo anggen kulo jum-jum
saking mapinten pinten sumber, saking buku buku, saking pasrawungan, saking
kawontenan, lan saking othak-athik gathuk. Pramilo estunipin dereng pantes
manawi seratan meniko kulo aturaken dateng poro kadang, pinongko lelandesaning
ngudi kawruh babagan boso jawi. Namung karono kadereng saking kahanan ingkang
tansoyo dangu tansoyo ical kabudayan jawi mliginipun boso jawi.
Namung perlu caos pemut dateng poro kadang, hambok bilih
samangke penjenengan sapun saget, utawi keporo
wasis, sampun kaget menawi dados kengkenan-ipun tiyang katah, jalaran
kagunan kabudayan boso jawi jangkep meniko, ing titi wekdal meniko sampun angel
anggenipun madosi ( langka ).
Poro kadang ingkang kinurmatan, sumonggo kito sareng
sareng ngudi kawruh, mliginipun babagan boso jawi ingkang tansoyo surem
sunaripun.
Namung semanten purwakanig atur kulo mugi mugi sanajan
datan wonten bobot-ipun saged migunani dateng pesrawungan kito ing madyaning
masyarakat agung.